PIDATO KEBERSIHAN LINGKUNGAN
Assalamualaikum
warrohmatullohi wabarokatuh.
Dhumateng Bapak
Kepala Sekolah SMPN 30 Suroboyo
Dhumateng Bapak
lan Ibu guru SMPN 30 Suroboyo
Lan dhumateng
rencang sedaya ingkang kulo tresnani
Hadirin ingkang
kulo tresnani
Monggo kita
sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti allah SWT amargi
sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal
sesarengan kanti sehat wal afiat.
Hadirin ingkang
kulo tresnani
Kaping pisan
ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya
nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga
lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes
kerugian utawi bencana kangge kita.
Hadirin ingkang
kulo tresnani
Salah
sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga
kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi
lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged
terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados
nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.
Hadirin ingkang
kulo tresnani
Njaga
kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit
ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged
diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, SMP Negeri 30 Suroboyo menawi
sekolah kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan
becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif yakuwi
kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.
Cekap sementen
ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun
pangampunten.
Wassalamualaikum
warrohmatullohi wabarokatuh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar